Sabtu, 28 Agustus 2010

Panase surya....
Tan no liyo kang ngembari...
Gegodongan pada layu...
Kadyo layuning ati kang lagi goreh....
Pikiran koyo umub....
Kadyo ubale kawah Condrodimuko....
Muga-muga pangeran paring tombo...
Kanggo nyidem kang kasandang.....
Abot lelakon kang tak lakoni...
Tan no nemu tombo kang jodo....
Kanggo ngilangi mendung ....
Kang ngaling-alingi....
Usodo wus tak lakoni...
Mendal tanpa asil....
Kadya nembus watu karang....
Perih keno plethik ing....
Soyo nambah gorehing ati....
Tumetes luh tan rinoso....
Saka Khusuk ing manah...
Anggegepe hangajab kawelasing gusti....
Kanggo tombo musek ing pikir...
Tak pandeng nganti tumusing batin .......
Tanpa aling - aling duh pepujaning ati......
Opo ora tumetes tetesing katresnan sing tak antu-antu........
Tresna kang sejati........

Jumat, 27 Agustus 2010

Ndak rakit tembung iki dadi larik gatra……
Koyo dene tembang…..
Saben- saben ndak woco kanthi pupuh sing cetho…
Koyo kembang rinunce….
Aku ngantheti pocapan kang ndak aturake sliramu…
Senajan bedo antarane banyu lan geni…..
Aku angantu-antu tembung aturmu…..
Supoyo tentrem menowo aku ……..
Ora nyawang padhange srengenge ing tembe…..


Kamis, 26 Agustus 2010

Njagi Rasa

Yen aku nyawang pasuryanmu…….
Aku kelingan separo windu kapungkur……
Ndak adepke kabeh rasa kang cinaketan….
Ananging sawalik ing rasa…
Kaya aku nabrak kentheng karang..
Kang gampang ngemu rogoku……
Wusono anggonmu matur luput…
Anjagi ludiro seto kaya bledheg…
Sinamber dada……

Pepujaning Ati

Rasa alelayung dawane pikir
Kang tanpa winates…
Mugi gusti paring hangajab …
Lamun siro dhewe sing ndak puji…
Panyuwunku esemmu tansah resik..
Gawe tentrem penggalihku…..